Wekdal Punika..

by membualsampailemas


Salam sakkethining janma ing jagad kaaturake kanggo sliramu lan uga kabeh kang bebarenganmu. Kanthi layang iki, dak kirim uga pocapan pirang rasa mawi mangsi kang kanggo nulisi kertas layang sing sakdurunge putih memplak, resik tanpa cacad, nujune kareged mangsi sing dak goresake dening asta. Kanthi serat iki, dak kirimake uga tembung sing kacecer ing manah nalikane sliraku merem lan ana wewayangmu sliweran ing ngareping netra. Banjur dak tata tembung-tembung iku mawi rasa supaya jinejer rapi lan bisa ngaturake kabehing rasa ana ing panggalih.

Nalika nulisake iki, nimas, bisa dak ceritakake yen aku iki rumangsa kangelan lan ngusahani kanthi ra gampang kanggo nyerati sak rapihing wilgati sing dak bisani, nadyan aksara-aksara kang metu saka asta iki karasa angel kanggo macak diri. Ananging, nimas, aku tansah terus ngusahani. Lembar-lembar wus dak peksa ngilang amarga dak anggep kurang pantes kanggo kok sawang mawi rupamu kang ayu iku. Pirang-pirang mangsi wus dak busaki uga amarga kurang endah menawa kabandhingana mring sliramu. Dhuh angel kanggo nggoleki seratan sing pantes, malah bisa wae aku iki ora bakal bisa nemokake tembung kang pas amarga sliraku tan bisa kaya pujangga.

Nimasku, sejatine manah ing janma manungsa iku dudu prakara sing gampang, sapa ta sing pesthi mangarti kajaba Gusti ingkang Maha Mangarti. Malahan, wong kang nduweni panggalih iku uga kala-kala bingung mring manahe dhwe. Lan uga sliraku iki kang tasih kena bingung ing ngartekake kang manah iki, sing dak ngerteni namung aku kudu tansah sabar lan ikhlas mring kabeh-kabehing kang bakal kadadiyan ing panggalih. Wingi esuk, sakdurunge aku nulisake iki, ndilalahe bisa ta nemu pirang-pirang tembung kang ngerti-ngerti mak sliwer ana ing rasa. Mangkene:

Sinawang ing bumi kana, kegawa nganti omah tan bisa lali.. Semana uga rasa iki sing tansah rinasa ana ing wiyati, tan bisa ilang amarga wewayangmu sliweran jroning netra nalika daktutup ana ing wengi.. pangrasa iku durung tuwuh nalika daksawang sliramu ana ing netra kanggo sing pradana. Ananging nimas, tan san saya suwi wiyati iki bisa owah diowahi dening Gusti, pangrasa namung bisa tinampa kanthi pasrah lan ekhlas tan ngarepi sing linuwih saka iki, kajaba nimas, slirane uga kagungan pangarep kang padha. Ora-orane sliraku ra gelem ngusahani, ananging namung wedi mundhak kuciwa ana ing buri. Nadyan nora ana janma manungsa sing sejatine pengen kuciwa, ta iya?

Ta iya? Yen sejatine iku ora bakal ana manungsa kang kepengin kuciwa, apa maneh amarga atine dhwe. Ta ora nate yen kakuciwan iku tumeka ana ing ngarsa tinimbang kalakonan, mula kedaha kita ngati-ati menawa arep nglakokake apa wae supaya ora ana kakuciwan ing wuri.

Nanging sejatine, nimas, sakkabehing manungsa uga pengin kagungan laku sing disenengi tanpa sijining kakuciwan ana ing wuri, lan uga mesti sing mangkana iku prakara angel ditemoni amarga Gusti wus duwe jagading pinesthi. Teruse, nuju sawijining dina aku keprungu menawa ana sawijining sing bisa anglawan, malahan ngowahi pinesthi sing lagi mabur dhuwur ana ing gaganantara kanggo ngampiri janma, nimas. Sliramu mangartia apa iku sing ngowahi pinesthi? Inggih iku donga. Mula, sliraku tansah ngucapake donga kanggo nggawe pinesthiku dhewe lan uga sing tasih ana ing ridhoning Gusti kang Maha Kuwasa. Ta iya yen Gusti Alloh mrentahake manungsa supaya andedonga lan ajaa nganti kentekan pangarep-arep? Sakbisane aku nyenyuwun kanthi santun marang Gusti sing wus paring pirang-pirang nikmat, lan kanggo tansah anjejaga sakkabehing manah kang lagi karundhung rasa sing kasebut tresna, supaya ora kesusu anggone nemtokake tindake kanggo sakdurunge kudu dipikirake kanthi becik mung ngarsane, uga kanggo tansah anggawe kuwat lan ikhlas mring sakkabehing sing wus, lagi, lan arep kadaden, uga kanggo sliramu iku. Mula dak sebutake sawijining asma ana ing pandongaku iku, sing ora liya iya iku jenengmu, nimas. Upamane slirane mangarti apa sing wus dak sebatake ana ing pandongane iku kang wus dak suwunake marang Gusti kang Maha Agung banjur dak kirim kanthi ring-iringan wayah dhuha utawa wengi, aku mono ora bakal ngerti yen sliramu bakal mesem-mesem utawa duka, menawa aku ngepengini upama dhewe ngetrap, pundadekake jodho, ananging yen ora mugiya tansah tetep kekancan sing apik.

Mula aku ngaturake anggurat mangsi sing sengaja dak tulis mawi asta iki mbok bilih menawa kurang becik tur apik kawaca dening netra kang kadya lintang mencorong anggonmu iku. Upamane aku bisa, aku bakalan mbayangane sing becik-becik ana ing pikirku, nanging aku ra bisa kaya mangkono mring sawijining lakon kang wus dadi pinesthi ing wayah biyen. Lan uga aku mung bisa mbayangake mawi donga-donga sing dak kirimake kanthi rasa asih marang Gusti, supaya wektu sing arep tumekaku utawa tumekamu iku sing paling apik lan becik.

Ratri nglangut, ananging pestekna yen esuk bakal tumeka mring slirane kang anggawa srengenge sing uga bakal nyunari atimu.

Kakangmasmu,..

Iklan