Filsafat: Dewa Ruci (2) Durma

Kali ini, men-Durma dulu, ndees…biar syahdu.. ngomong-ngomong kalian tau artinya gak? heuheu

Durma

Aywa lunga yen durung wruh kang pinaran
Lan mangan ugi
Lamun durung wruha
Rasaning kang pinangan
Aja anganggo ta ugi
Yen durung wruha
Arane busaneki

Weruhira tetaken bisane iya
Lawan tetiron ugi
Dadi lan tumandang
Mangkono ing ngagesang
Ana jugul saking wukir
Arsa tuku mas
Mring kemasan den wehi

Lancang kuning den anggem kencana mulya
Angkono wong ngabekti
Yen durung waskitha
Prenahi kang sinembah
Wrekudara duk miyarsi
Ndheku nor raga
Dene Sang Wiku sidik

anggitanipun R. Ng. Yasadipura I